PEPELING
PEPELING KAGEM kang WIS SEPUH, kang yuswane wis punjul seko 60th, supoyo
awet tuwo ning sehat
1. Ojo
Nganggur : Senadyan wis tuwo prayogané tetep nindakaké pakaryan.. opo waé,
thak-thik thak-thik ono gawéyan lan ono kegiatan. Bab iki supoyo pikiran yo
mlaku terus. marakké ora gampang pikun. Déné ragané yo isih tetep biso
diobahaké ora lemes lan ora kaku_
2. Ojo Ngoyo
: Tegesé makaryo yo makaryo, nanging sabisané wae sak kuwaté. sak penaké. sak
cukupé. Kudu eling yèn piyé-piye awaké wis lungsé. wis ora kuwat koyo nalika
enom, sak kuwat-kuwaté manungso.. opo manèh wis adiyuswo mesthi ono watesé.
Mulo ojo ngoyo anggoné makaryo... yèn olah rogo ugo sak madya waé.. yèn wis
kroso sayah kudu lèrèn.. bèn jantungé ora kabotan.
3. Ojo Nglokro.
Senadyan uwis tuwo nanging ojo nganti nglokro... rumongso wis ora kuwat, wis
ora murwat, wis ora kanggo lan wis loyo... Senadyan wis tuwo nanging mesthi
isih miguno : piwulangé, pengalamané, suwuk- semburé lan pangestuné. Mula kudu
tetep semangat, tetep dadi berkah nganti puputing yuswo.
4. Ojo Ngempet.
Tegesé ojo seneng ngendem roso sing ora becik koyoto : gampang nesu.. gampang
serik.. gampang meri. Kabeh roso-pangroso kudu diudhari kanthi jlèntrèh nanging
sarèh lan sumèlèh. Supoyo sarono mengkono ati ora kabotan lan pikiran ugo ora
cuwo.
Prayogané atiné poro adiyuswo kuwi ngetrapno 3 perkoro :
1. Lilo: Yokuwi ikhlas ing samubarang prakoro, yèn
nindakké pakaryan, yèn pawèh, yèn nulungi liyan. Kabèh kuwi kudu kanthi
ati kang ikhlas. sepi ing pamrih kapentinganing pribadi.
2. Lego : Tegesé atiné kudu jembar.. biso nompo prakoro opo
waé.. dadiné yo ora gampang sedih utowo serik nanging gampang lilih.
3. Legowo : Tegesé biso nompo kahanan kang tumomo marang
awaké dhéwé, narimo ing pandum lan tansah ngucap sukur tumrap sak paringé Gusti
kang Moho Adil.
Mengkono
poro sedulur.. utamané poro konco kang wis podho adiyuswo,
Mekaten
sawetoro atur sapolo kagem poro jengandiko.
No comments:
Post a Comment