Thursday, February 10, 2022

PEPELING

PEPELING

PEPELING KAGEM kang WIS SEPUH, kang yuswane wis punjul seko 60th, supoyo awet tuwo ning sehat

1. Ojo Nganggur : Senadyan wis tuwo prayogané tetep nindakaké pakaryan.. opo waé, thak-thik thak-thik ono gawéyan lan ono kegiatan. Bab iki supoyo pikiran yo mlaku terus. marakké ora gampang pikun. Déné ragané yo isih tetep biso diobahaké ora lemes lan ora kaku_

2. Ojo Ngoyo : Tegesé makaryo yo makaryo, nanging sabisané wae sak kuwaté. sak penaké. sak cukupé. Kudu eling yèn piyé-piye awaké wis lungsé. wis ora kuwat koyo nalika enom, sak kuwat-kuwaté manungso.. opo manèh wis adiyuswo mesthi ono watesé. Mulo ojo ngoyo anggoné makaryo... yèn olah rogo ugo sak madya waé.. yèn wis kroso sayah kudu lèrèn.. bèn jantungé ora kabotan.

3. Ojo Nglokro. Senadyan uwis tuwo nanging ojo nganti nglokro... rumongso wis ora kuwat, wis ora murwat, wis ora kanggo lan wis loyo... Senadyan wis tuwo nanging mesthi isih miguno : piwulangé, pengalamané, suwuk- semburé lan pangestuné. Mula kudu tetep semangat, tetep dadi berkah nganti puputing yuswo.

4. Ojo Ngempet. Tegesé ojo seneng ngendem roso sing ora becik koyoto : gampang nesu.. gampang serik.. gampang meri. Kabeh roso-pangroso kudu diudhari kanthi jlèntrèh nanging sarèh lan sumèlèh. Supoyo sarono mengkono ati ora kabotan lan pikiran ugo ora cuwo.

Prayogané atiné poro adiyuswo kuwi ngetrapno 3 perkoro :

1. Lilo: Yokuwi ikhlas ing samubarang prakoro, yèn nindakké pakaryan,  yèn pawèh, yèn nulungi liyan. Kabèh kuwi kudu kanthi ati kang ikhlas. sepi ing pamrih kapentinganing pribadi.

2. Lego : Tegesé atiné kudu jembar.. biso nompo prakoro opo waé.. dadiné yo ora gampang sedih utowo serik nanging gampang lilih.

3. Legowo : Tegesé biso nompo kahanan kang tumomo marang awaké dhéwé, narimo ing pandum lan tansah ngucap sukur tumrap sak paringé Gusti kang Moho Adil.

Mengkono poro sedulur.. utamané poro konco kang wis podho adiyuswo,

Mekaten sawetoro atur sapolo kagem poro jengandiko.

Mugi-mugi migunani

No comments:

Post a Comment