Friday, November 27, 2020

PITUTUR SING BECIK

AYO PODO DIWOCO DULUR, APIK BANGET

Manungso kuwi dititah podho, nanging yen masalah bondo dijatah bedo

Mulo menungso iku wajibe mung upoyo karo ndungo

Entuk rejeki sepiro atine sing nrimo, ora usah meri karo konco

Sak podho-podho akeh wong stres mergo uripe ora beres... !

Rino wengi mung mburu dunyo, N\njur lali karo agomo

Ojo podho ngersulo mundhak gelis tuwo,

Wong yen nrimo uripe dowo. Wong suloyo uripe rekoso...

Wong sing sabar, rejekine bakal jembar

Wong yen ngalah, uripe bakal barokah.

Sopo sing jujur, uripe bakal makmur

Sopo sing tlaten, tembe mburi bakal panen

Wong sing sombong, amale bakal kobong

Zamane wis zaman tuwo, akeh manungso wis angel ditoto tuntunane agomo

Senengane malah podho gawe duso. Tumindak duso saben dino podho ora kroso

Sithik-sithik ora ketoro, suwe-suwe dadi cetho

Koyo wong tumindak duso dilakoni saben dino. Duso kadhang-kadhang ora kroso

Mergo pancen wis kulino. Sing podho ati-ati lan waspodo. Menowo siro ngobrol karo konco

Ngrasani tonggo ngojah alane wong liyo kadhang ra rumongso awake gawe duso

Ayo mumpung durung telat. Enggal-enggal podho tobat

Timbang ning akherat siro mbesok nompo adzab

Mung duso sepele kang ora dirasakke, nanging gedhe akibate marang awake dhewe.

Mumpung isih urip, ngibadaho kanti tertib

Ngelingono yen wes mati, ora bakal iso bali

Mumpung isih waras, ibadaho kanti ikhlas

Mumpung isih longgar, ibadaho kanti sabar

Ngelingono yen wis loro ora biso opo-opo

Ngelingono yen wis repot ibadah rasane abot

Pungkasane sopo lan opo wae.awakmu  mula OJO DUMEH

Cekap semanten pituture pinisepuh Jowo. Mugi wonten manfaatipun kangge pepenget kito sedoyo. Monggo di getok tularno marang para kadang/dulur2 sedoyo

No comments:

Post a Comment